Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

dalan elek nang cilacap

Sedurungenyong pengin ngucapaken selamat taun baru imlek go kanca2 keturunan Tionghoa utawa sing pada ngarayakaken nang ndi baen. Nyong nembe bae mudik kang desane inyong nang Cipari, jane ya mung sewengi thok mung pengen tiliki ninine sing wis sepuh sih, mumpung tasih sugeng ya ditiliki mbok! Nah nyong duwe grunengan lho Kang, Yu. Ge nuwun sewu banget ya lah udu maksude mengko sing aarep tak omongna ge ngelek2 Rika sebagai masyarakat Kabupaten Curanmor, tapi ya mung prihatin baen aring kahanan desane enyong nang kana.

Awit mbiyen mbuh kepriwe nyong geh gumun aring kabupaten Curanmor-e dewek lha kawit mbiyen sing jenengane dalan koh ora tau alus mulus, mesthi loh pating mbrejegadul ora nggenah mbuh nang kota ne apa maning dalan2 kecamatan, Enggane dalan aspal sing jarene proyeke milyaran mung keidek ban mobil wis mblenyek aspale, trus sing ora kepidek ban mobil malah aspale munggah jan malah dalane kaya dalan mleduk. Sing tak gumunna maning apa kang, ya guwe nek dalan nang Kabupaten Curanmor genah ora patut lah, enggane nggawa mobil kudu banting setir tengen kiwe terus jan pokoke kang Kubang kangkung gutul Cipari, masyaAllah dalane elek boek, padahal wingi badan bae nembe 4 wulan, jare bar direnovasi. Pancen pas badan mandan mending deneng siki urung ngasi setengah taun wis mblekuk maning dalane, bolong, rompale gedhe gedhe, jan nek dibandingna karo dalan nang Sumpyuh apa maning Kebumen lah jan langka apa2ne.

Tapi ya guwe Kang, nyong gumun banget mbasa nang ngarepe jlugangan jlugangan nang ndalan, nang pinggir dalan akeh gambare wong wadon ayu ayu, wong lanang gagah gagah, kabeh pada ngumbar senyum, jan keton apik banget disawang, eeeh kalingane mung pengen maju dadi Caleg mbuh sing DPRD apa DPR kabeh rame2 akeh2an karo gede2an gole gawe poster gambar Raine+lambang partai, ora kelalen Kang masang tulisan Contreng karo Mohon Doa Restu (kelingan aring tulisan2 undangan kawinan karo sepitan). Aku loh gumun segumun2e nang poster2 guwe langka sing masang tulisan nduwe utang pirang juta, nduwe sifat elek apa sing kudu dikritisi masyarakat, tapi masang tulisan sing nyeneng2na janji janji macem2 akehe, ana sing jare Berjuang Untuk Rakyat, Saatnya Rakyat Kita Jadi DPR, Ikhlas Berjuang, Nasionalis Religius, tapi yah Kang inyong jane heran aring model2 kampanye kaya guwe mau.

Ora patut banget rupane wong2 ayu karo gagah2 guwe dipasang nang pinggir dalan sing akeh jlugangane, mbok ujarku nek gawe poster gedhe kaya kae larang, apa maning dipasang nang kabeh nggon sing strategis, urung masalah uba rampe-ne mbangsane gawe acara pengajian, gawe orjenan, nyponsori tim bal2an RT, gawe kaos, tim sukses, intine mbuh kepriwe nggawe seneng masyarakat men ngesuk pas Pemilu Nyontreng gue gambare deweke. Tapi ya guwe nek cara aku mung gejus mbulus nek ana Caleg sing ngomong ikhlas berjuang, demi rakyat, aja pada dipilih Kang!

Lha wis ngerti nek dalan sing dinggo rakyat elek boek, eh bukane ngeneih duit nggo tuku aspal malah nggo tuku gambar raine dewek aring percetakan sing gedhe 2 akeh. Njejal Kang pirangatus Juta guwe duite caleg sing metu nggo mengkampanyekan awake dewek nang pinggir2 dalan, jan ngisin2i kaya pengemis bae ana wong liwat tulisane mohon doa restu, mobil liwat maca Mohon Doa Restu, cah sekolah ngepit liwat sing diwaca ya Mohon Doa restu keri2ne ana wedhus karo bebek liwat ya dijaluki Mohon Doa Restune!!!!amit2 jabang bayi!!!!!

Enggane kabeh caleg mau bener2 pengen berjuang kanggo masyarakat mbok siki mbange duite dibuang nggo nggaweni poster sing ora bakal kanggo taun ngarep, mbok pada dikumpulna guwe duite kabeh caleg seluruh partai Kabupaten Curanmor, terutama sing pengen dadi DPRD Curanmor. dikumpulna kabeh masa ora isaa nggo mbangun dalan Kang Kroya Gutul Wanareja sing apik mlipis. Mbange padha tetek mbengek nglemboni warga berjuang2 alah gujis lah ra ngandel2a ana dalan elek bukane dibeneri malah dipasangi gambar rai, njaluk doa restu maning!Sih nggo ngapa???? SOORRYYY!!!!

Posting Komentar untuk "dalan elek nang cilacap"