Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

nemu flashdisk maning!!!!

enyong loh gumun banget loh kang

mbiyen nduwe flashdisk 128mb elek boek, sering ora kewaca, maune sih mereke Adata trus diganti2 baen aring tokone, eh ndilalah ulih anyar dinggo seminggu rusak maning, trus akhire pas mulai pada seneng ngrungokna mp3 player tuku mp3 player sing 256 mega, lumayan guweh nggo tip - tip-an lah crita2ne, apa nggo ngrungokna sandiwara Arya Kamandanu kaya jaman mbiyen maning...regane wektu guwe mung 230 ewu....(larang ding nek siki)

nah gumune selama enyong nduwe flashdisk 128 nyong ijig -ijig nemu flashdisk Apacer 128 mb karo Adata 256mb
trus pas bar tuku mp3 256 nemu flashdisk Kingston 512 mega
nah wingi pas tuku flashdisk 1 giga nemu flashdisk maning Toshiba 1 Giga

Lah siki kang lagi enyong ngenet nang warnet e ndilalah komputere tasih ana flashdiske 4Giga.....jan giye jenenge rejeki apa sindrom malingan sih yah????
tapi genah anu nemu je kang???
diselang ndipit apa yah???
nggo ngopy pilem2 anyar geh koh mumpung kayane be flashdiske kosong hehehehe

Wong kelalen koh akeh temen yah


Posting Komentar untuk "nemu flashdisk maning!!!!"