Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Musim KEtigo

Ngganu nyong dolan meng nggone kaki Karta lah guwe terus biasa ndopokan lah kang, ndopok ndopok ora nggenah akhire sampailah pada itung2an penamaan musim sing dinggo wong Jawa...

"Ki giye koh nangapa musim kemarau nang wong jawa diarani musim Ketigo? padahal nek musim udan mung diarani musim rendeng"

"Lha ya jan jane musime ncen ana telu soale"

" Lha deneng sing siji dijenengi musim rendeng udu keloro apa musim kepisan??"

"Wah ya beda lah, siki nek musim kemarau giye diarani musim Ketigo soale ncen anane nang musim nomer telu"

" Lha musim lorone apa ki??"

" Ya musim udan lah,kon musim apa sih????"

"Lha guwe deneng mung loro lah, sing siji endi??? Oh ya musim pancaroba mbok ki nomer sijine???"

"Hush ya udu lah, guwe kan musim kepapat!!!"

"Lho koh terus kepapat???"

" Lha iya, nek musim pertamane ya beda2 maning, sesuai kondisi iklim cuaca daerahe dewek dewek"

"Contone????"

" Gampangane nek siki ya musiiiiiiiiimmmmmmmm.............



MUSIM PEMILU DALOOOOOO!!! oooh bocah kuliah ora lulus2 ya genah, dadine ora ngerti siki musim apa!!!!!!!!"

"Ndelengaken dalan ya!!!!mbok akeh gambar wong sugih pada poto!!!!"

" Ngesuk lah nembe nomer sijine isa musim kepungan, musim tandur, musim panen, musim layangan, musim kucing kawin, musim kondangan, musim kawinan"


***************************************ASEM*****************************************


" Ngomong karo wong nDesa!!!!!!!!!!! Jan susah temen sih ya!!!!!!!!!"

Posting Komentar untuk "Musim KEtigo"